Senin, 14 November 2011
Rabu, 09 November 2011
Syi'ir Tanpo Waton
ketika ku sedang membaca kitab riyadusholihin, tiba tiba kutemukan selembar kertas lusuh yang tergeletak di lantai, ku ambil lalu ku baca.. ku rasa Syi'ir ini sungguh luar biasa, dibuat berdasarkan realita, entah siapa yang menulisnya, semoga Allah merohmatinya..
Ngawiti ingsun nglarasa syi'iran Alqur'an Qodim wahyu minulyo
Kelawan muji maring pangeran Tanpo ditulis biso di woco
Kang Paring rohmat lan kenikmatan Iku wejangan guru waskito
Rino wengine tanpo pitungan Den tancepke ing jero dodo
Duh bolo konco priyo wanito Kumantil ati lan pikiran
Ojo mung ngaji syare'at bloko Mrasuk ing badan kabeh jeroan
Gur pinter ndongeng nulis lan moco Mu'jizat rosul dadi pedoman
Tembe mburine bakal sangsoro Minongko dalan manjinge iman
Akeh kang apal Qur'an haditse Kelawan Alloh kang moho suci
Seneng ngafirke marang liyane Kudu rangkulan rino lan wengi
Kafire dewe dak di gatekke Ditirakati diriyadohi
Yen isih kotor ati akale Dzikir lan suluk jo nganti lali
Gampang kabujuk nafsu angkoro Uripe ayem rumongso aman
Ing pepaese gebyare ndunyo Dununge roso tondo yen iman
Iri lan meri sugihe tonggo Sabar narimo najan pas pasan
Mulo atine peteng lan nistho Kabeh tinakdir saking Pangeran
Kelawan konco dulur lan tonggo Ayo sedulur jo nglaleake
Kang podo rukun ojo ngaslo Wajibe ngaji sak pranate
Iku sunahe Rosul kang mulyo Nggo ngandelke iman tauhite
Nabi Muhammad panutan kito Baguse sangu mulyo matine
Ayo ngelakoni sekabehane Lamun palastro ing pungkasane
Allah kang bakal ngengkat drajate Ora kesasar roh lan sukmane
Senajan ashor toto dhohire Den gadang Allah swargo manggone
Ananging mulyo maqom drajate Utuh mayite ugo ulese
Kang aran soleh bagus atine
kerono mapan seri ngelmune
Laku Thoriqot lan Ma'rifate
Ugo hakekot manjing rasane
Langganan:
Postingan (Atom)